Khutbah Jumat: Fadilah Wulan Sya'ban

 

 

 

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

 

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى أَمَرَ عِبَادَهُ باِلطَّاعَاتِ وَالْعِبَادَاتِ* وَزَجَرَهُمْ عَنِ السَّيِّئَاتِ وَالْمَنْهِيَّاتِ * أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَوَاهِبِهِ الْعِظَامِ وَالْخَيْرَاتِ* أَشِهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الْأَرَاضِيْنَ وَالسَّمَاوَاتِ* وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُؤَيَّدُ بِأَفْضَلِ الْاَيَاتِ وَالْمُعْجِزَاتِ * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْمَخْلُوقَاتِ * صَلَاةً تُنْجِيْنَابِهَا مِنْ جَمِيْعِ الْأَهْوَالِ وَالْأَفَاتِ * وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ مَا تَعَاقَبَتِ الْأَوْقَاتِ وَالسَّاعَاتِ * أَمَّا بَعْدُ فَيَاعِبَادَ اللهِ أَوْصِيْكُمْ وَإيَايَ بِتَقْوَى اللهِ وَافْعَلُوْا الْخَيْرَاتِ وَاجْتَنِبُوْا عَنِ السَّيِّئَاتِ * وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعِ وَالْجَمَاعَاتِ* وَقَدْ قاَلَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُ باِللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُوْنَ، الَّذِيْنَ هُمْ فِي صَلَاتِهِمْ خَاشِعُوْنَ *

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

 

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah, kanti nindakaken dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, ing pangajab mugi kita tansah kaparingan kabekjan gesang ing ngalam dunya punika, ngantos dumugi ing ngalam akhirat. Amiin.

          

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

 

Wekdal punika kita sampun lumebet wonten ing wulan Sya’ban, kita mestani wulan Ruwah, kalebet wulan mulya menggah kita ummat Islam. Pramila kita samiya mulyakaken lan ngegungaken wulan punika kanti nambahi ta’at kita dateng Allah saha nilar lampah ma’shiyat. Nderek dawuh dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallahu ‘alaihi wassalam:

 

مَنْ عَظَمَ شَعْبَاَنَ وَاتَّقَى اللهَ تَعَالَى وَعَمِلَ بِطَاعَتِهِ وَأَمْسَكَ عَنِ الْمَعْصِيَّةِ غَفَرَاللهُ تَعَلَى ذُنُوْبَهُ وَأَمَنَهُ مِنْ كُلِّ مَا يَكُوْنُ فِى تِلْكَ السَّنَةِ مِنَ الْبَلَايَا وَالْأَمْرَاضِ كُلِّهَا

 

“Sapa wonge mulyaake wulan Sya’ban kelawan taqwa marang Allah, lan nindakake ta’at marang Allah, lan uga nyegah saka penggawe ma’shiyat, mangka Gusti Allah bakal ngapura kabeh dosane, lan Allah bakal nylametake wong mau ing sak jerone tahun kuwi sangka sekabehane panca baya lan sekabehane penyakit”.

 

Pramila ing mangsa punika kita ingkang tasih sanget prihatos awit mushibah ingkang dereng nilaraken dateng kita, Kanti nindakaken amal ibadah ingkang saget nyekataken kita dateng Allah, saha nilaraken pendamel duraka lan ma’shiyat amrih wilujeng saking bendunipun Pangeran Allah Subhanahu wa Ta’ala. Jumbuh ugi kaliyan dawuhipun Allah wonten ing Al Qur’an:

 

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيْنَهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَا نُوْا يَعْمَلُوْنَ

 

“Sing sapa wonge nindakake amal kebecikan, lanang utawa wadon ing mangka deweke iman, mangka Ingsun bakal maringi marang deweke panguripan kang becik, lan Ingsun bakal paring piwales marang deweke kelawan kang luwih becik katimbang kang ditindakake” (QS. An Nahl: 97).

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

 

         Mulyakaken wulan Sya’ban punika mboten wonten ingkang langkung sae ngungkuli amal shaleh, langkung langkung ibadah shalat fardlu kita, samiya dipun gatosaken ampun ngantos dipun lirwaaken. Jalaran kamulyanipun wulan punika sambet kaliyan kwajiban shalat fardlu. Kanti tansah migatosaken dateng tata cara, syarat rukun lan purun ngopeni dateng sunnahipun langkung langkung wekdalipun. Menawi shalat sampun jejeg, Allah tentu bade nuhoni paring piwales saha ngicalaken raos ajrih lan kuwatos ingkang tansah ngebaki manahipun tiyang ing mangsa punika. Kados dawuhipun :

 

إِنَّ الَّذِيْنَ اَمَنُوْا وَعَمِلُوْا الصَّالِحَاتِ وَأَقَامُوْا الصَّلَاةَ وَاَتُوْ الزَّ كَاَةَ لَهُمْ أَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَلَاخَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَ

 

“Sejatine wong kang pada iman lan pada ngamal shalih, lan pada njejegake shalat, lan pada aweh zakat, tumrap wong wong mau ganjaran ing ngarsane Pangerane, lan ora ana rasa kuwatir tumrap wong wong mau, lan uga wong wong mau ora bakal pada susah”.

 

Mugi mugi Allah maringana pitedah lan pitulung dateng kita sedaya, Amin.

 

باَرَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ * وَنَفَعَنِي وَإِيَاكُمْ باِلْاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ * إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ  * وَقَلَ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ  وَأِنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ

 

Penyusun : Ahmad Mufaqih / PAI Bidang JPH KUA Mrebet 2

(Bimas Islam – IES)

 

Translate ยป